Untung wis tau nang Bandungan…

Kelingan jaman biyen, pas jamane isek enom, senengane dolen nang endi ae, karo melok opo ngono sing oleh duit. Lumayan, mlaku-mlaku oleh duit. Pas iku, semester tuo lek ga salah,, embuh rahasia pokoke, oleh duit lumayan gawe urip pirang minggu (jenenge ae mahasiswa), iso dolen pisan nang daerah sing jarene lumayan ‘adem-panas’. hahahha…

Tapi ga sido dadi rahasia, mergane ngko bakalan tak critani, kok iso judule koyok ngono.

‘Emange awakmu wis tau nang bandungan, jok?’.

‘Uwis’, jawabanku.

‘Bandungan sing ndek kae?’

‘Kae sing endi maksudmu?’

‘kae, sing cedek Semarang.’

‘Ho’oh, tenanan. karo kanca-kancaku’.

‘Asem’.

Ceritane, wis pirang-pirang ndino iki hawane Miki-cho iki uademe ga jamak. sakmarine ono topan wingenane, udu topan lesus sing tau terkenal ndek Srimulat kae (almarhum), hawane dadi uadem. sajakno sih ga sampe Uadem ga jamak, tapi lek jarene koncoku sing lagi ndek kene, ‘Uadem, mas. Koyok ndek Bandungan’. Aku mung iso misuh Jancuk.

Suhu sing tak delok ndek HP anyar mereke iPhone 6 keluaran Xiaomi iso nyampe 16 Derajat Celcius. Tapi lek jarene koncoku sing HPne Galaxy keluaran Apple, suhune wis 11 derajat Celcius. Embuh sing bener sing endi, sing jelas, rasane iku uwis uadem koyok melbu kulkas. (Padahal aku yo durung tau melbu kulkas. Kulkase sopo jal sing tak leboni?).

Iso mbayangke ga rasane lek bengi-bengi, kaos kutangan, kathokan cekak, sandalan jepit, numpak sepeda jengki mereke Wim Cycle (sayange ga ono merek wim cycle ndek kene. Merek Polygon ae ga nemu-nemu), mek metu nggolek wedang anget ndek Lawson? Lek aku yo wegah mbayangno. Eman-eman utekku mbayangno koyok ngonoan. hahaha..

Tapi, bakalan tak tulis ndek kene. Lek takbayangno, mek wong goblok lek pas wayah sakmene metu nang dalan mek nggawe koyok ngonoan. Lha ademe ga jamak e. Padahal durung melbu mongso salju ae koyok ngene ademe, mosok metu ga klamben genah? hahahhaa..

Tapi maneh, ojo salah. aku biyen tau ndek Bandungan koyok ngono. Kathok cekak, kaos kutangan, bengi-bengi jagongan karo Germo. Hahahaha.. Nganti ditawari kate golek a? Berhubung imanku sek kuat, yo mek mlaku-mlaku thok ae ndelok bocah-bocah e sing dodolan empal brewok.

Dadi, biyen nang Bandungan iku dalam rangka survey, sopo sing bakalan dipilih ndek pilkada Kabupaten semarang. targete sih ono pirang-pirang uwong, nggoleki omahe siji-siji, trus diwawancarai.

lha, mergane daerah sing tak sasar iku ndek Ambarawa, lan cerak karo Bandungan, yo sisan ae nginepe ndek kono. Murah e rego sewa kamare. Mosok sewengi mek 25 ewu? hahahhaa… pantesan akeh uwong sing ngamar..

Mbayangke sing enggak-enggak ga popo. Ga ono sing nglarang, tapi ojo kebablasan sampe Su’udzon yaa…

Untung ae wis tau nang Bandungan, dadi lumayan lah, ademe iso ditahan titik-titik o. Masio sajakno iki lagi kademen… hehehe..

akhir kata, Happy Birthday to me… :D

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top